Sunday, February 16, 2020

ARANE ANAK KEWAN


Arane anak kewan miturut abjad :



1.  Anak ampal arane embung
2.  Anak angrang arane kroto
3.  Anak asu arane kirik
4.  Anak ayam/pitik arane kuthuk
5.  Anak babi arane gembluk
6.  Anak bandeng arane nener
7.  Anak banteng jenenge wareng
8.  Anak banyak arane blengur
9.  Anak baya arane rete
10.Anak bebek jemenge meri
11. Anak bethik jenenge menter
12. Anak blanak jenenge sendha
13. Anak brati arane tongki
14. Anak budeng arane kowe
15. Anak bulus arane ketul
16. Anak cacing arane lur
17. Anak cecak arane sawiyah
18. Anak celeng arane genjik
19. Anak coro arane menhet
20. Anak dara arane piyik
21. Anak dhorang arane tampir
22. Anak emprit jenenge indhil
23. Anak gagak arane engkak
24. Anak gajah arane bleduk
25. Anak gangsir arane slondho
26. Anak garangan arane rase
27. Anak garengpung arane dungkruk
28. Anak gemak arane drigul
29. Anak glatik arane cecrekan
30. Anak gundhik arane laron
31. Anak iwak jenenge beyong
32. Anak jangkrik jenenge gendholo
33. Anak Jaran jenenge belo
34. Anak kadhal jenenge tobil
35. Anak kakap jenenge caplek
36. Anak kalajengking jenenge ketupa
37. Anak kancil jenenge kenthi
38. Anak kebo jenenge gudel
39. Anak kecapung jenenge jenthit
40. Anak kemangga jenenge ceriwi
41. Anak kepik jenenge mewki
42. Anak kidang jenenge kompreng
43. Anak kimar jenenge kedah
44. Anak kinjeng jwnwnge srenggutu
45. Anak kinjeng dom jenenge undur2
46. Anak kintel jenenge kenthus
47. Anak kethek jenenge munyuk/kenyung
48. Anak kodhok jenenge precil
49. Anak kombang jenenge engkuk
50. Anak konang jenenge endrak
51. Anak kremi jenenge racek
52. Anak kucing jenenge cemeng
53. Anak kulkeyong jenenge krikik
54. Anak kupu jenenge uler
54. Anak kura jenenge laos
56. Anak kutuk jenenge kotesan
57. Anak kwangwung jenenge gendhot
58. Anak laler jenenge singgat
59. Anak lamuk jenenge jenthik
60. Anak lawa jenenge kampret
61. Anak lele jenenge jambrisan
62. Anak lemut jenenge uget2
63. Anak lintah jenenge pacet
64. Anak lisang jenenge beles
65. Anak lodan jenenge jengkelong
66. Anak lutung jenenge kowe
67. Anak luwak jenenge kuwuk
68. Anak luwing jenenge gonggo
69. Anak macan jenenge gogor
70. Anak manuk jenenge piyik
71. Anak menjangan jenenge komprwng
72. Anak menthok jenenge minthi
73. Anak merak jenenge uncung
74. Anak nyambik jenenge slira
75. Anak pe jenenge genyong
76. Anak pleting jenenge jaringan
77. Anak sapi jenenge pedhet
78. Anak sembilang jenenge lenger
79. Anak singa jenenge dibal
80. Anak tambra jenenge bokol
81. Anak tawon jenenge gana
82. Anak tokek jnenge celolo
83. Anak tikus jennege cindhil
84. Anak tongkol jenenge cengkik
85. Anak tuma jenenge kor
86. Anak ula jenenge kisi, ucet
87. Anak urang jenenge grago
88. Anak wader jenenge sriwet
89. Anak wagal jenenge jendhil
90. Anak walang jenenge dhogolan
91. Anak warak jenenge plencing
92. Anak wedhus jenenge cempe
93. Anak welut jenenge udhet
94. Anak yuyu jenenge beyes

Mekaten aranipun anak kewan ingkang kapendhet saking pinten- pinten sumber, sae menika saking guru lan para sesepuh ingkah mangertos kaliyan babagan anak kewan. Mbok bilih wonten kekirangan saged dipun koreksi.



Share:

0 comments:

Post a Comment

Contact Us

Name

Email *

Message *

Recent Post

Recent Posts Widget